Jaman
sakiki jaman kang wis maju karna nututi sawernaning teknologi lan moderenisasi.
Sak ora-orane cah enom mesti rebut dhucung ngimbangi teknologi mau bebarengan
kalawan maneka warna basa luar negeri utawa basa manca. Ya tujuwane ora ana
liya mesthi kanggo ngimbangi jagading teknologi kuwi mau. Malah bocah sakiki
sing pancen bener-bener anake wong jawa uga ilang jawane. Bab mau panen dadi
problem anyar lan wigati tumrape wong jawa sing isih mersudi marang lestarining
basa lan budaya jawa. Lha thik ora! Sabab bocah sakiki jare gengsi merga basa
jawa wis dianggep kurang njamani ndesa, lan ora ilmiah. Basa jawa sing
mlipis-mlipis jare angel yen arep ngecakake ing srawungan nasional lan
internasional kang gegayutan klawan teknologi mau tinimbang basa Inggris.
Kanggo
ngeluri basa lan budaya jawa, prayoga wong jawa uga tansah ngopeni basane,
sastra dalasan budaya mau, supaya ora kelangan kajene wong jawa. Bangsa manca
bae akeh kang padha nyinau bab iki, lha kok malah awake dhewe nyingkur. Jarene kuna,
kolot, tradhisional. Ora kena isin lan mindher rikala migunakake basa jawa lan
kudune mlah bombong.
Basa
jawa nduweni kaunggulan kang perlu dingerteni dening para mudha. Kaluwihan mau,
ing antarane bisa nelakake pakurmatan marang pawongan kang diajak guneman utawa
kang diomongake ing guneman. Basa jawa uga kena kanggo mratelakake samubarang
kanthi sopan, alus, lan njaga tata krama. Basa daerah ing Indonesia kang akeh
panuture iku uga bisa nggambarake kataliten lan katlatenan.
Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar