Senin, 29 September 2014

Kebatinan Jawa

TINGKATAN KEBATINAN KEJAWEN


1)      Sembah Raga (syariat)
Kawiwitan saking jasmani badan wadhag, dene sucine sarana warih, amargi kagungan tabiat Buta Denawa inggih menika hangkara murka kaliyan tabiat sato kewan, tamak, loba, dremba, sahwat, lan malesan.  Pramila badan jasmani menika kedah kalatih sucinipun ingkang lampahipun saget katata nggadahi kebiasaan ugi kewajiban ingkang katindakaken sregep lan tekun kagungan iman lan kesabaran. Menawi lampah jasmani menika katindakaken kanthi lumintu (istiqomah) dadosaken pribadi ingkang tinata sae, ahklak martabat lan kesehatanipun badan menika,  mujudaken drajating manungsa minangka titahipun Gusti ingkang Sampurna. (insan kamil).
2)      Sembah Cipta (tharekat)
Sasampunipun jasmani katata kanthi sae, tahapan sembah minggahipun inggih menika sembah cipta (rohani), lampah manembahipun langkung luhur amargi sucinipun sarana ngagem resiking ati (kalbu) utawi manah luhur kanthi ginakaken nalar lan pikiran (intelegensi) kangge memahami lan mangertosi kasunyatan supados mboten nerak angger angering Pangeran kanthi meper hardening hawa nafsu. (saget nguwasahi hawa nafsu). Menawi lampah Rohani menika saget katata salebeting kalbu kanthi lumintu (istiqomah) punika handayani  pramananing cipta utawi sejatining pandulu (mata batin) saget mangertosi menapa ingkang badhe kalampahan awujud sasmita gegambaran kaliyan Sir medal saking manah nedhahaken menapa ingkang badhe kedadosan.
3)      Sembah Jiwa (hakekat)
Menawi lampah jasmani kaliyan lampah rohani sampun saget kasalira, salajengipun minggah dumateng sembah jiwa, menika sucinipun sarana awas lan eling ngipataken nalar lan pikiran kanthi mawas tumuju salebeting batin lampahipun njabane meneng njerone anteng. Handayani paningal sejati saget mangertosi kasunyatan wontenipun alam kasar kaliyan alam alus, saget haningali arwah ugi lelembut lan sanesipun wonten ing alam ingkang mboten kasat mata. Dados menawi lampah hakekat menika katindakaken kanthi lumintu (istiqomah) salajengipun saget pinaringan karomah haningali cahya pribadinipun medal ilhaming Pangeran, salajengipun mangertosi cahya Nur Muhammad cahya ingkang pinuji padhang tanpa wewayangan.
4)      Sembah Rasa (makrifat)
Sesampunipun saget nguwasahi kasunyatanipun bilih daya panguwasa menika jembar sanget, dene pangertosanipun sami nanging hasilipun boten saget karancang dening titah kagungan sifat pribadi. Sembah Rasa menika sucinipun sarana lumebet wonten rasa pangrasa ing batin ingkang alus piyambak supados saget nyawiji rahsaning manungsa saget manunggal kaliyan rahsaning Pangeran. Menika katindakaken kanthi narima, rila, iklas, sumarah dumateng kasunyatan gesang wonten alam donya, lajeng saget momot pasrah sakwetahipun wonten ngarsane Pangeran. Menawi lampah rasa pangrasa menika katindakaken kanti lumintu (istiqomah) mahanani kaweningan nedhahaken alam ghaib mangertosi alam suci kelanggengan suwung tanpa subawa inggih menika kahananipun sangkan paraning dumadi asale manungsa saka Allah lamun bali marang Allah maneh.

Rahayu, Rahayu, Rahayu 

Kamis, 04 September 2014

Sangkan Paraning Dumadi

Filosofi Sangkan Paraning Dumadi


            Dalam hidup ini, manusia senantiasa diingatkan untuk memahami filosofi Kejawen yang berbunyi "Sangkan Paraning Dumadi". Apa sebenarnya Sangkan Paraning Dumadi? Tidak banyak orang yang mengetahuinya. Padahal, jika kita belajar tentang Sangkan Paraning Dumadi, maka kita akan mengetahui dari mana kita berasal, untuk apa kita hidup Dan kemana tujuan kita setelah hidup kita berada di akhir hayat.

            Untuk lebih jelasnya, marilah kita simak tembang dhandanggula warisan para leluhur yang sampai detik ini masih terus dikumandangkan.

Kawruhana sejatining urip
(ketahuilah sejatinya hidup)
urip ana jroning alam donya
(hidup di dalam alam dunia)
bebasane mampir ngombe
(ibarat perumpamaan mampir minum)
umpama manuk mabur
(ibarat burung terbang)
lunga saka kurungan neki
(pergi dari kurungannya)
pundi pencokan benjang
(dimana hinggapnya besok)
aja kongsi kaleru
(jangan sampai keliru)
umpama lunga sesanja
(umpama orang pergi bertandang)
njan-sinanjan ora wurung bakal mulih
(saling bertandang, yang pasti bakal pulang)
mulih mula mulanya
(pulang ke asal mulanya)

Kemanakah kita bakal 'pulang'?
Kemanakah setelah kita 'mampir ngombe' di dunia ini?
Dimana tempat hinggap kita andai melesat terbang dari 'kurungan' (badan jasmani) dunia ini?
Kemanakah aku hendak pulang setelah aku pergi bertandang ke dunia ini?
Itu adalah suatu pertanyaan besar yang sering hinggap di benak orang-orang yang mencari ilmu sejati.

            Yang jelas, beberapa pertanyaan itu menunjukkan bahwa dunia ini bukanlah tempat yang langgeng. Hidup di dunia ini hanya sementara saja. Oleh karena itu, tidak ada salahnya jika kita menyimak tembang dari Syech Siti Jenar yang digubah oleh Raden Panji Natara dan digubah lagi oleh Bratakesawa yang bunyinya seperti ini:

"Kowe padha kuwalik panemumu, angira donya iki ngalame wong urip,
akerat kuwi ngalame wong mati; mulane kowe pada kanthil-kumanthil marang
kahanan ing donya, sarta suthik aninggal donya." 
("Terbalik pendapatmu, mengira dunia ini alamnya orang hidup, akherat itu alamnya orang mati. Makanya kamu sangat lekat dengan kehidupan dunia, dan tidak mau meninggalkan alam dunia")

Pertanyaan yang muncul dari tembang Syech Siti Jenar adalah:
Kalau dunia ini bukan alamnya orang hidup, lalu alamnya siapa?

Syech Siti Jenar menambahkan penjelasannya:
"Sanyatane, donya iki ngalame wong mati, iya ing kene iki anane swarga lan naraka, tegese, bungah lan susah. Sawise kita ninggal donya iki, kita bali urip langgeng, ora ana bedane antarane ratu karo kere, wali karo bajingan." 

(Kenyataannya, dunia ini alamnya orang mati, iya di dunia ini adanya surga dan neraka, artinya senang dan susah. Setelah kita meninggalkan alam dunia ini, kita kembali hidup langgeng, tidak ada bedanya antara yang berpangkat ratu dan orang miskin, wali ataupun bajingan")

            Dari pendapat Syech Siti Jenar itu kita bisa belajar, bahwa hidup di dunia ini yang serba berubah seperti roda (kadang berada di bawah, kadang berada di atas), besok mendapat kesenangan, lusa memperoleh kesusahan, dan itu bukanlah merupakan hidup yang sejati ataupun langgeng.

Wejangan beberapa leluhur mengatakan:
"Urip sing sejati yaiku urip sing tan keno pati". (hidup yang sejati itu adalah hidup yang tidak bisa terkena kematian). Ya, kita semua bakal hidup sejati. Tetapi permasalahan yang muncul adalah, siapkah kita menghadapi hidup yang sejati jika kita senantiasa berpegang teguh pada kehidupan di dunia yang serba fana?

Ajaran para leluhur juga menjelaskan:
"Tangeh lamun siro bisa ngerti sampurnaning pati,
yen siro ora ngerti sampurnaning urip."
(mustahil kamu bisa mengerti kematian yang sempurna,
jika kamu tidak mengerti hidup yang sempurna).

            Oleh karena itu, kita wajib untuk menimba ilmu agar hidup kita menjadi sempurna dan mampu meninggalkan alam dunia ini menuju ke kematian yang sempurna pula.

Nuwun.