Ndhedher
Karakter “Taat” Lumantar Crita Dewa Runci
Suksese para pasarta dhidhik
mungguh ing donyaning pendhidhikan iku tansah dadi pangarep-arepe para guru
minangka pendhidhik utawa panggulawenthah. Sitok bae kaya ora ana ing
antarane kita kang darbe pangarep-arep gagal. Kena diarani cuwa-sepa yen ana
pendhidhik kang ora berduli marang suksese pasarta dhidhik, sanajan kanyatane
ya pancen ana pasarta dhidhik kang kalebu katagori gagal.
Pasarta dhidhik kang sukses, yen
kita gelem nintingi kuwi sajake jebul nduweni rahasia karakter (character
secret) sanjabane aspek kognitif kang ora didarbeni dening pasarta dhidhik
liyane, yaiku aspek afektif kang kaejawantahake sacara psikomotoris. Aspek
afektif endi ta kang gawe sukses mungguhe pasarta dhidhik? Yuk, coba kita
nginguk sacuwil prototipe karakter ing crita Dewa Ruci!
Paraga Bratasena iku ora aneh ora
nyleneh mungguhing wong Jawa mligine, wong Indonesia umume. Crita ngenani
wejangan Dewa Ruci marang Bratasena iku dumadi nalika Bratasena manjing
dhasaring samodra, ngestokake dhawuhe Guru Durna ngupadi Tirta Mahening
Suci (Tirta Perwitasari). Kurawa pengin njlomprongake Pandhawa menyang
kasangsaran lumantar Guru Durna. Bratasena, sawijining siswa Guru Durna
diwenehi kawruh dene sajroning ngupadi ngelmu kasampurnaning urip kudu
nindakake dhawuhe guru kanthi ngupadi kayu gung susuhing angin ing
alas Tikbrasara, ereng-erenging gunung Reksamuka. Bratasena budhal sendika
dhawuh lan madhep-mantep yen ora bakal kejlomprong merga dhawuhe sang guru.
Satekane ing alas Tikbrasara, kang
digoleki pranyata ora ana. Alas banjur diobrak-abrik, lan Bratasena kudu tandhing
yuda nyirnakake raseksa Rukmuka lan Rukmakala. Sabanjure Bratasena bali menyang
Ngastina atur palapuran ngenani bot-repot kang dialami, lan diwangsuli dening
Guru Durna dene sabenere dheweke mung didadar-uji. Sabab kayu gung
susuhing angin kang diupadi iku sejatine ana ing budi pakarti. Banjur Guru
Durna ndhawuhi Bratasena supaya enggal manjing telenging samodra ngupaya Tirta
Mahening Suci. Panganyam-anyaming ati Bratasena, aluwung mati tanpa aran bebasane
tinimbang njothak dhawuhe guru, sanajan sejatine ora bisa nylulup samodra.
Tog-togane mung pasrah tanpa kemba dene lara lan pati iku kuwasaning dewa,
amarga ya wis setya-sendika marang Guru Durna. Kanthi padhanging pikir lan ati
Bratasena njegur samodra. Jroning laku kudu tandhing nyirnakake naga raseksa.
Ing dhasaring samodra Bratasena
kepethuk dewa bajang rerupa memper Bratasena, aran Dewa Ruci, ya dewane
Bratasena pribadi. Banjur Bratasena antuk wejangan saka Dewa Ruci bab ngelmu
kasampurnaning urip kang diupaya.
Adhedhasar crita kasebut, sanajan ta
Bratasena iku kaanggep siswa kang lugu-balilu nanging pranyata bisa nggayuh
gegayuhaning urip, tur angejaba saka panduganing sang guru. Niyate Guru Durna
kang sakawite nyilakakake Bratasena pranyata ngasilake pepadhanging urip (sukses)
kang tanpa upama mungguhing Bratasena. Iku mau ora liya amarga Bratasena setya-taat amituhu
marang dhawuhing guru. Setya-taat marang dhawuhing guru pranyata nuwuhake
barokah kang luar biasa. Ing kene iki, jagad njereng-njurung kridha kanthi
optimal, apa kang tinemu yaiku apa kang denupaya.
Mungguhing para pendhidhik, kang biting
saceklek bae bebasane ora duwe niyat njlomprongake pasarta dhidhik/siswa,
tartamtu luwih bisa nyuksesake gegayuhane pasarta dhidhik. Ora ana alesan
subyektif dene pasarta dhidhik iku bodho lan liya-liyane. Ndhedher karakter setya-taat marang
pasarta dhidhik kaya wis ora kena dinyang maneh. Mungguhing pasarta dhidhik
kang wis setya-taat marang ucap lan dhawuhe guru kudu tansah digedhekake atine.
Ana tetembungan, ”Yen murid unggul ateges sing luwih unggul iku gurune”. Ing
pamuji, muga-muga kita para pendhidhik kinuwatake jiwane, bisa ngoptimalake
potensi pasarta dhidhik. Amin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar