Setija Bomanarakasura Kuwi Anake Sapa?
Prabu
Sri Bathara Kresna kuwi duwe anak Setija. Garwa-garwane Kresna sing ana cacah
telu kuwi, yaiku Dewi Rukmini, Jembawati lan Setyaboma ora duwe anak sing
jenenge Sukija eh Setija. Sing angka loro, apa jeneng Setija Bomanarakasura
kuwi ana gandheng cenenge karo Bomantara kaya sing kasebut ing buku asesirah
Bumasuruhan?
Pitakonan
sing nomer siji wangsulane gampang, Miturut tradhisi pedhalangan gagrak
Ngayogyakarta Hadiningrat, paraga Prabu Setija iya Sitija utawa kepara
malah ana sing nyebut Suteja Bhomanarakasura iku, ratu ing negara
Trajutrisna iya Surateleng. putrane Bathara Wisnu patutan klawan
Dewi Pratiwi (Pertiwi). Dene Dewi Pertiwi iku sayekti atmajane Sang Hyang
Nagaraja, dewaning ula saka kahyangan Sumur Jalatundha. Setija duwe kadang
taruna tunggal rama ibu, jenenge Dewi Siti Sendari (Siti Sundari) kang ing
tembene dadi garwane Raden Abimanyu.
Raden
Setija nalika isih mudha
Nyebal
sawetara. Miturut crita pedhalangan Setija iku darbe aji aran Pancasona
Wreksaning Bhumi kang dayane: arepa mati sedina kaping pitu janji kuwandhane
isih kambah ing lemah, bisa bali urip maneh. Dene yen Prabu Dasamuka, ratu
Ngalengka uga kagungan aji Pancasona paringane Resi Subali ning luwih sampurna
paringane yaiku kang aran aji Pancasona Bhumi, Pancasona Angin lan Pancasona
Jembangan. Dayane, arepa Dasamuka kuwi mati sedina kaping sewu janji
kuwandhane isi kambah lemah (bhumi) utawa kasiliring samirana (kena angin) lan
kacemplungake ing banyu bisa bali urip maneh. Isane mati, awake Dasamuka kudu
dipantek luwih dhisik nganggo pusaka jemparing Guhyawijaya supaya ora bisa uwal
banjur dibruki nganggo gunung Pangungrungan/Somawana. Mula arepa Dasamuka kuwi
tetep urip nanging ragane wis ora bisa uwal maneh saengga suwe-suwe rusak. Mula
sukmane Dasamuka (soka karan Yitma pariyitma) banjur klambrangan ngendi-endi
sok mencok marang pawongan sing lagi suwung.
Miturut
crita pedhalangan, nalika jabang bayi Sitija isih kinandhut dening keng ibu
Dewi Pertiwi, kala semana jabang bayi Sitija oncat saka guwa garbane ingkang
ibu banjur manjing ing talingane narendra Ngalengka Prabu Dasamuka. Nuju
manjing ing talingan mau Prabu Dasamuka katemben nampa wejangan aji Pancasonya
angin, Pancasunya Wreksaning bhumi lan Pancasunya Jembangan saka Resi Subali.
Rehning manggon ana talingane Prabu Dasamuka, Raden Setija bisa gamblang nampa
wejangan aji Pancasonya, kosok baline Dasamuka ora pati gamblang anggone ngrungokake
wejangan kasebut. Nanging durung nganti Setija bisa nampa wejangan aji
Pancasunya kasebut, kedadak kepriksan eyange banjur didhawuhi bali ana guwa
garbane ingkang ibu. Bareng jabang bayi Sitija wis oncat, Prabu Dasamuka lagi
bisa nampa wejangan kanthi terwaca. Mula Prabu Dasamuka lan Sitija kuwi
nunggal guru nanging awune tuwa Sitija merga anggone nampa wejangan luwih dhisik.
Dewi
Pertiwi utawa Dewi Pratiwi, ibune Setija
Nalika
isih jaka tumaruna, Sitija mapan ana kahyangan Sumur Jalatundha, ndherek
ingkang eyang lan ingkang ibu. Wujud wayange Sitija kang isih mudha iku satriya
gagah pideksa, bagus-jatmika, raine memper wayang Gathutkaca.
Ing
lakon Sitija Takon Bapa, dicritakake menawa Sitija kang wis ngancik diwasa
banjur nyuwun pamit marang ingkang eyang sarta ibune saperlu arep ngupadi
sudarmane. Dening ingkang eyang diparingi priksa menawa ingkang rama, Bathara
Wisnu, kuwi wis ora lenggah ana ing Nguntarasegara, nanging wis manitis sajiwa
ana anggane Prabu Sri Bathara Kresna, nata ing Dwarawati. Panitise binelah
dadi loro, separo jiwa manjing ing ragane Narayana iya Prabu Kresna, dene
separone maneh mapan ing ragane Permadi iya Arjuna, satriya panengah
Pandhawa.
Sadurunge
budhal, Sitija digawani pusaka Cangkok Wijayamulya iya Wijayamaya dening
ingkang eyang minangka pratandha (bukti) yen Sitija iku putrane Bathara
Wisnu. Dayane pusaka Cangkok Wijayamaya iku ora ana bedane karo Kembang
Wijayakusuma kang diasta dening Prabu Kresna, yakuwi : yen diungkulake
marang wong kang nadhang raga bisa waluya jati, dene yen diungkulake marang
wong mati kang durung tekan titiwancine bisa bali urip maneh.
Prabu
Setija Bhomanarakasura
Gelising
crita, Raden Sitija banjur jumedhul saka kahyangan Sumur Jalatundha saperlu
ngupadi sudarmane. Lakune Sitija nlusup-nlusup wana angayam alas, munggah
gunung medhun jurang, nyabrang bengawan lan mlebu-metu Karang Padesan. Nalika
lakune Setija wis tekan pinggiring samudra, dheweke banjur ngaso sawetara ana
papan kono. Pikirane nglambrang tekan ngendi-endi. Dumadakan dheweke kelingan
yen nggawa pusaka Cangkok Wijayamaya. Setija satemene sajak kurang percaya
marang dayane Cangkok Wijayamaya sing wujude pange kembang. Kanggo mbuktekake
ampuh orane pusaka kuwi, Setija ngungkuli bangkene manuk dara (merpati) saengga
bisa bali urip maneh kanthi salah kedaden dadi buta (raseksa) banjur
kaparingan aran Ditya Maudara. Diungkulake ing bangkene kethek bisa urip banjur
diparingi aran Ditya Yayahgriwa, diungkulake ancak tilas sesajen bisa salah
kedaden dadi yaksa apraceka Ditya Ancakogra, diungkulake sandhuwure andha dadi
buta aran Ditya Amisunda lan sapiturute. Ing tembe, kabeh buta iku dadi
wadyabalane Raden Setija.
Tekan
ngarsane Prabu Kresna ing Dwarawati, Setija nyuwun supaya diaku putra jalaran
kanthi nuduhake pusaka Cangkok Wijayamaya kang dadi pratandha yen dheweke iku
putrane Bathara Wisnu. Prabu Kresna kandha saguh ngaku putra marang Setija
janji bisa nungkulake negara Surateleng, lan mateni ratune (Prabu Bomantara)
kang ngraman ing kahyangan. Amarga para dewa kasoran, mula banjur minta
sraya marang Prabu Kresna.
Gathutkaca
Sadurunge
maju ing paprangan, Setija dijedhi ing kawah candradimuka kaya Gathutkaca
kanggo ngembari kadigdayane Prabu Bomantara. Amarga dijedhi (dijenang) ora
mati nanging malah tambah sentosa, Bathara Guru (eyange) paring tambahan
jeneng Narakasura. Wusanane nalika maju ing paprangan Setija klakon nungkulake
negara Surateleng. Prabu Bomantara sing kaloka digdaya lan darbe sipat kandel
wujud gada aran Kiai Garugiling iku mati dening Setija kanthi dicubles pusaka
Cis Jaludara kagungane Bathara Guru. Yitmane Prabu Bomantara manjing ana
anggane Raden Sitija. Kapanjalman kumarane Prabu Bomantara, Setija sangsaya
imbuh kadigdayane nanging watake uga banjur malih angkara murka. Mula
yen ing pedhalangan gagrak Sala, wayange Setija banjur diganti wayang ratu
sabrangan wujud manungsa kagok buta kanthi tutuk gusen lan mawa siyung
kencana.
Negara
Surateleng iku banjur dadi kukubane Setija. Negara mau banjur diganti
jeneng Trajutrisna. Setija kalilan dening Prabu Kresna jumeneng nata ing
Trajutrisna kanthi jejuluk Prabu Setija Bhomanarakasura. Patihe awujud yaksa
sagunung anakan, jenenge Pancatnyana.
Ing
crita padhalangan Setija asring sulaya karo Gathutkaca. Yen wis perang
Gathutkaca karo Prabu Setija Bhomanarakasura kuwi nganti sasen ora ana sing
menang lan kalah.
Ing
lakon Rebutan Kikis Tunggara, Setija klakon perang tandhing karo
Gathutkaca amarga padha rebutan alas Tunggarana kang dadi tapel watese
negara Pringgadani lan Trajutrisna. Ing paprangan iku
Gathutkaca kelakon dikepruk nganggo pusakane Sitija aran Gamparan
Bungkul Kencana paringane Bathara Guru saengga topeng waja
ageme Gathutkaca pecah dadi sewalang-walang. Eloking kahanan,
pecahane topeng waja lan gamparan bungkul kencana iku salah kedaden dadi
anjang-anjang kencana kang ing tembe bisa dadi srana patine Prabu Bhomanarakasura
iya Sitija. Sing mateni Prabu Kresna kanthi dilepasi senjata Cakra.
Prabu
Kresna anggone tega mateni Setija jalaran Setija dianggep nglanggar wewalere
ramane, yaiku Prabu Kresna. Nalika Setija arep diaku putra, Prabu Kresna paring
piweling, sapa wae wong salumahing jagad sakurepe langit kena diwaneni utawa
disikara kejaba Arjuna. Jalaran menawa Setija wani nyikara marang Arjuna padha
wae wani marang wong atuwane. Ning ing lakon Samba Sebit, Setija kabukten
wani nglanggar wewalere Prabu Kresna yaiku wani marang Arjuna kang ora
narimakake patine Samba kanthi aniyaya (disebit-sebit). Nalika Setija arep
dijempali Arjuna dheweke wani saengga ndadekake pancakara. Pungkasane Arjuna
kesrempet pusakane Setija aran sanjata Galimpung, saengga kantaka. Arjuna
rumangsa lingsem banjur ngoncati paprangan saperlu arep mbangunake tapa ana
Gunung Indrakila kanthi peparab Begawan Ciptaning. Ilange Arjuna ndadekake
dukane Prabu Kresna. Setija dinukanan sing akeh-akeh, nanging bareng arep
dipateni Setija wani, saengga dadi pasulayan. Setija banjur nitih garudha
Wilmuka nggeblas ngambah ing dirgantara akemul mega.
Prayitna
risang Nata Dwarawati, nuli Setija banjur linepasan senjata Cakra
Baskara. Setija kataman senjata Cakra kontal sanalika saka gigire
Wilmuka. Kuwandhane kang kumleyang ana dirgantara banjur
kasaut Raden Gathutkaca lan kapapanake ana ing anjang-anjang kencana.
Setija pralaya lan ora bisa bali urip maneh, amarrga kuwandhane ora bisa
kambah ing lemah. Sadurunge mateni, Kresna luwih dhisik njaluk idi plilahe
Dewi Pertiwi yen Prabu Sitija iya Bhomanarakasura arep dipateni. Dewi
Pertiwi lila, mula Prabu Bhomanarakasura bisa dipateni.
Dadi
Prabu Kresna anggone mateni Setija Bhomanarakasura kuwi ora amarga mbelani
patine Samba kaya kang asring diandharake ing buku-buku pedhalangan kae,
nanging amarga pancen dheweke wis wani ninggal wewalere wong tuwane. Wusana
nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar