Senin, 23 Juni 2014

Nasionalisme Tokoh Pewayangan

Nasionalisme Sajroning Serat Tripama
Sawise maca lan ngerteni apa kang kinandhut sajroning serat Tripama, panulis ngerteni jebul kang dikarepake ing serat Tripama iki mbabar ngenani jiwa nasionalisme saka tokoh-tokoh pewayangan kaya dene paraga Suwanda, Kumbakarana lan Adipati Karna.

Paraga Suwanda




            Sawijine patih kang diduweni dening Prabu Harjuna Sasrabahu. Patih kang bisa dadi tuladha tumrap para prajurit. Tuladha kanggo njaga tata tentreme negara lan bangsa. Kang kabeh iku ora darbe karep liya saliyane kanggo njaga katentremane bangsa lan negara ing Maespati. Kaprawi­rane patih Suwanda iki kawentar banget. Awit dheweke minangka patih nduweni kaluwihan dhewe tinimbang liyane. Kaya cuplikan ing ngisor iki:
“Yogyanira kang  para prajurit, lamun  bisa sira anuladya, duk  ing  ngunicaritane, andel  ira Sang  Prabu  Sasrabahu  ing  Maes­pati, aran  patih Suwanda, lalabuh­anipun, kang  ginelung  triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama.”
            Ing serat Tripama iku diandharane yen ta patih kang aran Suwanda iki nduweni sipat gelem nglabuhi bangsa lan negarane kanthi telung prekara, yaiku guna utawa luwih trepe nduweni kapinteran kang bisa digunakake kanggo nata negara Maespati supaya dadi negara kang luhur lan uripe rakyate ayem tentrem. Kapindho yaiku sugih bab akal lan pikiran. Karepe, patih Suwanda bisa ngeluwari sakabehing reri­bete kerajaan Maespati nalikane ana pre­kara kang tumungkul sajrone negara kan­thi cara kang becik. Banjur kang pungkasan yaiku gelem utawa purun nglakoni apa wae prentahe rajane kanggo kamulyane bangsa lan negarane saka reribet negara manca. Uga malah dheweke bela negarane tume­kane pati. Kabeh iku ginambar kaya ing cuplikan ing ngisor iki:
“Lire  lalabuhan triprakawis, guna  bisa sa­nes  kareng  karya, binudi  dadya ung­gule, kaya sayektinipun  duk  bantu  prang  Manggada nagri, amboyong putri damas katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tanding lan ditya Ngaka nagri, Suwanda mati ngrana.”

Paraga Kumbakarna




            Paraga kaloro yaiku jenenge Kumba­karna. Paraga raksesa saka negara Alengka kang misuwur minangka negara kang sugih lan ora kekurangan apa-apa. Emane, raja kang kuwasa neng Alengka yaiku prabu Dasamuka utawa Rahwana raja kang kondhang wengis marang rakayate. Tumin­dak sapenak udele dhewe. Nduweni adhi cacahe 3 yaiku Kumbakarna, Sarpakenaka lan Gunawan Wibisana. Kang kabeh saka patang sedulur iki awujud buta. Nanging siji kang sipate terkadhang kaya manungsa lumrah yaiku Gunawan Wibisana.
            Ing ngisor iki bakal diandharake kepriye sifat nasionalismene Kumbakarana saka trah raseksa kaya kang kacuplik ing serat Tripama iki:
“Wonten  malih tuladan prayogi,  satri­ya guna  nagri ing  Ngalengka, Sang Kum­bakarna arane, tur iku warna diyu, supran­dene nggayuh utami, duk wiwit prang  Ngalengka, dennya darbe atur, Mring  raka amrih  raharja. Dasamuka tan kengguh ing aturyekti, mengsah wanara.”
            Paraga Kumbakarna ing kene minangka paraga kang dadi punjere analisis. Jalaran dheweke nduweni sifat nasionalisme. Sifat mikul dhuwur mendhem njero marang negarane. Nalikane Prabu Rama nyerang negara Alengka jalaran garwane kang asmane Dewi Sinta diculik dening kakange ora liya Prabu Dasamuka. Kumbakarana kang nalikane iku lagi turu kapati kepeksa ginugah dening sadhengah prajurit supaya mbiyantu anane reruwete negara ing Aleng­ka supaya mendhung kang nggem­buleng ing Alengka enggal-enggal kawiyak. Nalikane ngerteni udrege prekara saka pokal gawene kang mase kang nggawa mlayu kanthi peksan garwane prabu Rama yaiku Dewi Sinta, Kumbakarna sajake gela. Jalaran mung gara-gara wanita saiki Alengka ora bisa ngrasakake ayem tentrem kaya sadurunge. Senajan ta sejatine uga ora tentrem merga polahe para pangge­dhene sing sawiyah-wiyah marang rakyate mau.
            Nanging, sawise ditlesih maneh lan di­pikir kanthi premati uga Rahwana ora kena dielingake maneh supaya ora nerusake pe­rang. Jalaran perang iku akeh sisi negatife tinimbang positife. Nanging Rahwana isih kukuh marang karepe yaiku kepengin ngo­brak-abrik pasukan wanara kang dipimpin dening Anoman. Wekasane Kumbakarna minangka satriya utama kang luwih nenge­nake mbela negarane saka amukane wa­nara ya ora dadak ngenteni prentahe Rah­wana kaping pindho, banjur langsung tu­muju ing palagan paperangan. Niyat kang digawa dudu mbelani kesalahane Rah­wana, nanging kanggo njaga keamanane wewengkon Alengka saka gangguan njaba yaiku serangane pasukan wanara utawa kethek.
Kaya dene cuplikan ing ngisor iki:
“Kumbakarna kinon mansah  jurit, mring  kang  raka sira tan  lenggana, nglung­guhi  kasatriyane,  ing  tekad datana  sujud, amung  cipta  labuh  nagari, lan no­leh  yayah  rena nyang  leluhuripun, wus  mukti haning Ngalengka mangke, arsa rinusak ing bala kapti punagi mati ngrana.”

Adipati Karna




            Adipati Karna satriya ing Awangga kang tunggal ibu (Kunthi) seje bapa yaiku dewa Surya karo Pandhawa. Adipati Karna luwih milih mbela Prabu Duryudana saka Kurawa nalikane perang barayudha mengkone tinimbang dadi siji kelawan para adhine yaiku Pandhawa.
“Wonten malih kinarya palupi, Sur­ya­putra narpati Ngawangga, lan Pandawa tur kadange len yayah tunggil ibu suwita mring Sri Kurupati, nagri Ngastina kinarya gul  agul, manggala golonganing  prang, Brata­yuda ingadeken sepopati, ngalaga ing Kurawa.”
            Sajrone prang Baratayudha mengko Adipati Karna kadhapuk minangka seno­patine perang ing palagan paperangan. Kang tegese adipati Karna kudu memu­suhan karo para adhine yaiku Pandhawa. Jalaran dheweke ngrasa Prabu Duryana iku nduweni jasa tumrap uripe. Kang wis me­nehi pangkat, drajad, aweh bandha donya lan gelem nampa dheweke apa anane. Saka alesan kang kaya mangkono iku mau adipati Karna bakal aweh piwales yaiku bakal mbiyantu marang Hastina nalikane prang Baratayudha pacah. Saliyane iku Karna luwih milih Hastina tinimbang Amarta jalaran awit cilik tumekane wis dadi Adipati ya urip ing negara Hastinapura dudu Amarta. Kanthi lelandhesan kang kaya mangkono mau banjur Karna bakal mati-matian kanggo njaga katentremane Hastinapura saka reridhun kang ana. Karna minangka satriya utama ora gampang nglalekake jasane wong kang wis mbiyantu ing uripe. Saliyane iku Karna uga minangka warga saka Hastina dadi uga gelem mbi­yantu yen ana reribet kaya mangkono. Kang wekasane uga Karna tiwas ing pala­gan kanthi terhormat. Tiwas mbela nega­rane lan dadi satriya utama.
“Den mungsuhken kadange pribadi, aprang tanding lan Sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene nggenira pikan­tuk, marga denya arsa males sih-ira Sang  Duryudana, marmanta kalangkung, denya ngetok kasudirane, aprang rame Karna mati jinemparing, sembaga wiratama.”
          Saka katelu conto paraga wayang kasebut yaiku Patih Suwanda, Kumbakarna lan Adipati Karna iki minangka potret kang­gone para manungsa kang isih urip ing alam donya lan manggon sacara resmi ku­dune nduweni pikiran kang kaya mangkono iku. jalaran sakabehing tumindak iku kudu nduweni niyat kang becik. yaiku kanggo njaga tata tentreme negarane saka saka­behing reridhu. Ora mikirake keperluane pribadhi wae. Minangka warga kang becik kudune bisa njaga bebarengan keamanane bangsa lan negarane.

Nasionalisme ing Jaman saiki
            Potret nasionalisme ing jaman saiki wujude beda kelawan crita wayang kaya wis kang diandharake ing sajrone serat Tripama ing ndhuwur. Nanging mbok kaya mangkonoa bab wujude nasionalisme kang beda isih tetep bisa diwiyak ing satengahe bebrayan ing Indonesia.jalaran wijud saka nasionalisme dhewe iku ora mung kanggo pertahanan bangsa lan negara wae. Isih akeh liyane kaya dene “cinta produk dalam negeri”. Kanthi cara kang kaya mangekene iki sejatine uga wis mertandhakake yen ta sejatine pawongan iki isih nduweni rasa nasionalisme. Jalaran dheweke isih dhe­men marang asil-asil prodhuksi negarane dhewe, dudu ngagung-ngagungake pro­dhuke negara manca. Kang terkadhang luwih parah maneh yaiku luwih mbela ne­gara manca tinimbang negarane dhewe kang sasuwene iki wis aweh papan, rejeki lsp.
            Kaya katelu tuladha  ing ndhuwur, seja­tine saiki uga isih ana. Kaya dene pasukan tentara kang njaga ing tapel wates kang kadhang kala isih ana udreg wae kara ne­gara manca. Dene sifat-sifat nasionalisme iku mau wis ora ana ing pribadhi saka ten­tara-tentara iku wis ora mungkin maneh bakal gelem njaga tapel wates. Awit iku pancen tugase minangka tentara lan uga tugase minangka warga negara kang kudu njaga katentremane bangsa lan negara saka gangguan negara manca.
        Emane, sifat-sifat kang kaya mangkono iku sajake saperangan saka masyarakat Indonesia sifat nasionalismene wis surut. Jalaran anane jaman globalisasi kang kanthi kepenak negara manca bisa mlebu metu wewengkon utawa negara Indonesia aweh iming-iming arupa barang kang luwih apik lan dhuwit. Saengga ora mokal yen ta saperangan warga Indonesia uga katut karo iline banyu globalisasi. Tuladha­ne wae ing bab politik lan para panggedhe kang manggon ing gedhung kang mag­rong-magrong ing pusate pamarentahan. Saiki kayae sifat nasionalisme iku dudu kanggo bangsa lan negarane. Nanging uga wis ana kapreluwan liya yaiku kanggo mulyakake awake dhewe. kaya dene kasus-kasuse Gayus sing ora enggal-enggal ram­pung lan malah mbrebes mili teka ngendi-endi. Sajake para pangedhe -panggedhe luwih milih ndebatake tinimbang ngram­pungake prekara -prekarane gayus. Mung mandheg ing obrolan-obrolan wae. Nanging kasunyatan kang ana sasuwene iki mung udreg wae tanpa kajelasan kang mirunggan. Iki minangka bukti ye ta sejati­ne ngono sifat nasionalisme saka sape­rang­an warga Indonesia wis saya surut awit pengin nylametake pribadhi dudu kanggo ayem tentreme bangsa lan negara. Coba yen ta mikire kanggo ayen bangsa lan negara, kasus kaya Gayus iku ora bakal kedawa-dawa kaya mnagkene. Malahan saiki durung ana kejelasan ketuntasane malah kaya-kaya kasuse gayus iku ngabar ngono wae.

        Saliyane iku surute sifat nasionalisme saka warga jalaran kurang makmure pang­uripane. Coba wae dititi priksa kaya anane kasus nyolong wesi sepur. Kang bisa nyeba­bake sepur nggoling lan ndadekake kurban kang cacahe uga ora sethithik. Tumindak kaya mengkene iku ora nuduhake sifat nasionalisme jalaran dheweke “ngamana­ke” samubarang dudu kanggo bangsa lan negara nanging kanggo dhiri pribadhi kang wekasane malah nuwuhake bencana kang gedhe rak kojur ngene iki.(Nuwun)

Cerita Bomanarakasura


Setija Bomanarakasura Kuwi Anake Sapa?




            Prabu Sri Bathara Kresna kuwi duwe anak Setija. Garwa-garwane Kresna sing ana cacah telu kuwi, yaiku Dewi Rukmini, Jembawati lan Setya­boma ora duwe anak sing jenenge Sukija eh Setija. Sing angka loro, apa jeneng Setija Bomanarakasura kuwi ana gandheng cenenge karo Boman­tara kaya sing kasebut ing buku ase­sirah Bumasuruhan?
            Pitakonan sing nomer siji wangsu­lane gampang, Miturut tradhisi pedha­langan gagrak Ngayogyakarta Hadi­ningrat, paraga  Prabu Setija iya Sitija utawa kepara malah ana sing nyebut Su­teja  Bhomanarakasura iku, ratu ing  negara Trajutrisna iya Surateleng.  pu­trane Bathara Wisnu patutan klawan  Dewi Pratiwi (Pertiwi). Dene Dewi Per­tiwi iku sayekti atmajane Sang Hyang Nagaraja, dewaning ula saka kahya­ngan Sumur Jalatundha. Setija duwe kadang taruna tunggal rama ibu, je­nenge Dewi Siti Sendari (Siti Sundari) kang ing tembene dadi garwane Raden Abimanyu.

Raden Setija nalika isih mudha
           Nyebal sawetara. Miturut crita pe­dha­langan Setija iku darbe aji aran Pancasona Wreksaning Bhumi kang dayane: arepa mati sedina kaping pitu janji kuwandhane isih kambah ing le­mah, bisa bali urip maneh. Dene yen Prabu Dasamuka, ratu Ngalengka uga kagungan aji Pancasona paringane Re­si Subali ning luwih sampurna pari­ngane yaiku kang aran aji Pancasona Bhumi, Pancasona Angin lan Panca­sona Jembangan. Dayane, arepa Dasa­mu­ka kuwi mati sedina kaping sewu janji kuwandhane isi kambah lemah (bhumi) utawa kasiliring samirana (kena angin) lan kacemplungake ing banyu bisa bali urip maneh. Isane mati, awake Dasamu­ka kudu dipantek luwih dhisik nganggo pusaka jemparing Guhyawijaya supaya ora bisa uwal banjur dibruki nganggo gu­nung Pangungrungan/Somawana. Mula arepa Dasamuka kuwi tetep urip nanging ragane wis ora bisa uwal maneh saengga suwe-suwe rusak. Mula sukmane Dasa­muka (soka karan Yitma pariyitma) ban­jur klambrangan ngendi-endi sok men­cok marang pawongan sing lagi suwung.
            Miturut crita pedhalangan, nalika ja­bang bayi Sitija isih kinandhut dening keng ibu Dewi Pertiwi, kala semana ja­bang bayi Sitija oncat saka guwa garbane ingkang ibu banjur manjing ing talingane narendra Ngalengka Prabu Dasamuka. Nuju manjing ing talingan mau Prabu Da­samuka katemben nampa wejangan aji Pancasonya angin, Pancasunya Wrek­saning bhumi lan Pancasunya Jemba­ngan saka Resi Subali. Rehning manggon ana talingane Prabu Dasamuka, Raden Setija bisa gamblang nampa wejangan aji Pancasonya, kosok baline Dasa­muka ora pati gamblang anggone ngru­ngokake wejangan kasebut. Na­nging durung nganti Setija bisa nampa wejangan aji Pancasunya kasebut, kedadak kepriksan eyange banjur di­dhawuhi bali ana guwa garbane ing­kang ibu. Bareng jabang bayi Sitija wis oncat, Prabu Dasamuka lagi bisa nam­pa wejangan kanthi terwaca. Mula Pra­bu Dasamuka lan Sitija kuwi nunggal guru nanging awune tuwa Sitija merga anggone nampa wejangan luwih dhi­sik.

Dewi Pertiwi utawa Dewi Pratiwi, ibune Setija
            Nalika isih jaka tumaruna, Sitija ma­pan ana kahyangan Sumur Jalatundha, ndherek ingkang eyang lan ingkang ibu. Wujud wayange Sitija kang isih mudha iku satriya gagah pideksa,  ba­gus-jatmika, raine memper wayang Gathutkaca.
         Ing lakon Sitija Takon Bapa, dicri­takake menawa Sitija kang wis ngancik diwasa banjur nyuwun pamit marang  ingkang eyang sarta ibune saperlu arep ngupadi sudarmane. Dening ingkang eyang diparingi priksa menawa ing­kang rama, Bathara Wisnu, kuwi wis ora lenggah ana ing Ngun­tarasegara, na­nging wis manitis sa­jiwa ana anggane  Pra­bu Sri Bathara Kresna, nata ing Dwa­rawati. Panitise bi­nelah dadi loro, sepa­ro jiwa manjing ing ragane Narayana iya Prabu Kresna, dene separone ma­neh ma­pan ing ra­gane Perma­di iya Arjuna, satriya pa­nengah Pandhawa.
        Sadurunge bu­dhal,  Sitija digawani pusaka Cangkok Wijayamulya iya Wijayamaya de­ning ingkang eyang  mi­nangka pratandha (bukti) yen Sitija iku putrane Bathara Wis­­nu.  Dayane pu­saka Cangkok Wija­yamaya iku ora ana bedane ka­ro Kem­bang Wijaya­kusuma kang diasta de­ning Prabu Kresna, yakuwi :  yen diungkulake marang wong kang nadhang raga bisa waluya jati, dene yen diungkulake ma­rang wong mati kang durung tekan titiwancine bisa bali urip maneh.

Prabu Setija Bhomanarakasura
            Gelising crita, Raden Sitija banjur ju­medhul saka kahyangan Sumur Jalatun­dha saperlu ngupadi sudarmane. Lakune Sitija nlusup-nlusup wana  angayam alas, munggah gunung medhun jurang, nya­brang bengawan lan mlebu-metu Karang Padesan. Nalika lakune Setija wis tekan pinggiring samudra, dheweke banjur nga­so sawetara ana papan kono. Pikirane nglambrang tekan ngendi-endi. Duma­dakan dheweke kelingan yen nggawa pusaka Cangkok Wijayamaya. Setija sa­te­mene sajak kurang percaya marang da­yane Cangkok Wijayamaya sing wu­jude pange kembang. Kanggo mbuk­tekake ampuh orane pusaka kuwi, Setija ngungkuli bangkene manuk dara (mer­pati) saengga bisa bali urip maneh kan­thi salah kedaden dadi buta (raseksa)  banjur kaparingan aran Ditya Maudara. Diungkulake ing bangkene kethek bisa urip banjur diparingi aran Ditya Yayah­griwa, diungkulake ancak tilas sesajen bisa salah kedaden dadi yaksa apraceka Ditya Ancakogra, diungkulake sandhu­wure andha dadi buta aran Ditya Amisun­da lan sapiturute. Ing tembe, kabeh buta iku dadi wadyabalane Raden Setija.
            Tekan ngarsane Prabu Kresna ing Dwa­rawati, Setija nyuwun supaya diaku putra jalaran kanthi nuduhake pusaka Cang­kok Wijayamaya kang dadi pratan­dha yen dheweke iku putrane Bathara Wisnu. Prabu Kresna kandha saguh nga­ku putra marang Setija janji bisa nung­kulake negara Surateleng, lan mateni ra­tu­ne (Prabu Bomantara) kang ngraman ing kahyangan. Amarga para dewa ka­soran, mula  banjur minta sraya marang Prabu Kresna.

Gathutkaca
            Sadurunge maju ing paprangan, Se­tija dijedhi ing kawah candradimuka kaya Gathutkaca kanggo ngembari kadigda­yane Prabu Bomantara. Amarga dijedhi (dijenang) ora mati nanging malah tam­bah sentosa, Bathara Guru (eyange) pa­ring tambahan jeneng Narakasura. Wu­sanane nalika maju ing paprangan Setija klakon nungkulake negara Surateleng. Pra­bu Bomantara sing kaloka digdaya lan darbe sipat kandel wujud gada aran Kiai Garugiling iku mati dening Setija kanthi dicubles pusaka Cis Jaludara kagungane Bathara Guru. Yitmane Prabu Bomantara manjing ana anggane Raden Sitija. Ka­panjalman kumarane Prabu Bomantara, Setija sangsaya imbuh kadigdayane  na­nging watake uga banjur malih angkara murka. Mula yen ing pedhalangan gagrak Sala, wayange Setija banjur diganti wayang ratu sabrangan wujud ma­nungsa kagok buta kan­thi tutuk gusen lan mawa siyung kencana.
         Negara Surateleng iku banjur  dadi kukubane Setija. Negara mau banjur diganti jeneng Trajutrisna. Setija kalilan dening Prabu Kresna jumeneng nata ing Trajutrisna kan­thi jejuluk Prabu Setija Bhoma­na­rakasura. Patihe awujud yaksa sa­gu­nung anakan, jenenge Pancat­nyana.
              Ing crita padhalangan Setija asring sulaya karo Gathutkaca. Yen wis perang Gathutkaca karo Prabu Setija Bhomanarakasura kuwi nganti sasen ora ana sing menang lan kalah.
          Ing lakon Rebutan Kikis Tung­gara, Setija klakon perang tandhing  karo Gathutkaca amarga padha rebutan alas Tunggarana kang dadi  tapel watese negara Pringgadani lan  Traju­tris­na.  Ing pa­pra­ngan iku Gathutkaca kela­kon dikepruk ngang­go pu­sakane Sitija aran Gam­paran Bungkul Ken­cana pa­ring­ane Bathara Guru sa­eng­ga topeng wa­ja ageme  Ga­thut­ka­ca pecah dadi se­wa­lang-wa­lang. Eloking ka­ha­nan, pecah­ane topeng waja lan gampa­ran bungkul ken­cana iku salah kedaden dadi anjang-anjang kencana kang ing tembe bisa dadi srana patine Prabu Bho­ma­naraka­sura iya Sitija. Sing mateni Prabu Kresna kanthi dilepasi senjata Cakra.
            Prabu Kresna anggone te­ga mateni Setija jalaran Setija dianggep  nglanggar wewa­lere ramane, yaiku Prabu Kres­na. Nalika Setija arep diaku putra, Prabu Kresna pa­ring piweling, sapa wae wong salu­mahing jagad sakurepe langit kena diwaneni utawa disikara kejaba Arjuna. Jalaran menawa Setija wani nyikara ma­rang Arjuna padha wae wani marang wong atu­wane. Ning ing lakon Samba Sebit, Setija ka­bukten wani nglang­gar wewalere Prabu Kresna yaiku wani ma­rang Arju­na kang ora narimakake patine Sam­ba kanthi ani­yaya (di­sebit-sebit). Na­lika Setija arep dijempali Arjuna dheweke wani saengga ndadekake pan­cakara. Pungkasane Arjuna ke­srempet pusa­kane Setija aran sanjata Galimpung, saengga  kantaka. Arju­na ru­mangsa lingsem banjur ngoncati papra­ngan sa­perlu arep mba­ngunake tapa ana Gu­nung Indrakila kanthi pe­parab Begawan Cipta­ning. Ilange Arjuna ndadekake dukane Prabu Kresna. Setija dinukanan sing akeh-akeh, nanging bareng arep dipateni Setija wani, saengga dadi pasulayan. Setija banjur nitih garudha Wilmuka nggeblas ngambah ing dirgantara akemul mega.
            Prayitna risang Nata Dwarawati,  nuli Setija banjur linepasan senjata Cakra Baskara. Setija kataman senjata Cakra kontal sanalika saka gigire Wilmuka.  Kuwandhane  kang kumle­yang ana dirgantara banjur kasaut  Raden Gathutkaca lan kapa­panake ana ing anjang-anjang ken­cana. Se­tija pralaya lan ora bisa bali urip ma­neh, amarrga kuwandhane ora bisa kambah ing lemah. Sa­durunge ma­teni, Kresna luwih dhisik njaluk idi plilahe Dewi Pertiwi yen Prabu Sitija iya Bhomanarakasura  arep dipateni. Dewi Pertiwi lila, mula Prabu Bho­manarakasura bisa dipateni.
          Dadi Prabu Kresna anggone ma­teni Setija Bhomanarakasura kuwi ora amarga mbelani patine Samba kaya kang asring diandharake ing buku-buku pedhalangan kae, nanging amarga pancen dheweke wis wani ninggal wewalere wong tuwane. Wusana nuwun.


Cerita Dewa Runci Dalam Dunia Pendidikan

Ndhedher Karakter “Taat” Lumantar Crita Dewa Runci



            Suksese para pasarta dhidhik mung­­guh ing donyaning pendhidhikan iku tansah dadi pangarep-arepe para guru minangka pendhidhik utawa pang­gu­lawenthah. Sitok bae kaya ora ana ing antarane kita kang darbe pangarep-arep gagal. Kena diarani cuwa-sepa yen ana pendhidhik kang ora berduli marang suksese pasarta dhidhik, sanajan kanya­tane ya pancen ana pasarta dhidhik kang kalebu katagori gagal.
            Pasarta dhidhik kang sukses, yen kita gelem nintingi kuwi sajake jebul nduweni rahasia karakter (character secret) sa­njabane aspek kognitif kang ora didar­beni dening pasarta dhidhik liyane, yaiku aspek afektif kang kaejawantahake saca­ra psikomotoris. Aspek afektif endi ta kang gawe sukses mungguhe pasarta dhi­dhik? Yuk, coba kita nginguk sacuwil prototipe karakter ing crita Dewa Ruci!
            Paraga Bratasena iku ora aneh ora nyleneh mungguhing wong Jawa mligine, wong Indonesia umume. Crita ngenani wejangan Dewa Ruci marang Bratasena iku dumadi nalika Bratasena manjing dhasaring samodra, ngestokake  dha­wuhe Guru Durna ngupadi Tirta Mahe­ning Suci (Tirta Perwitasari). Kurawa pe­ngin njlomprongake Pandhawa menyang kasangsaran lumantar Guru Durna. Bra­tasena, sawijining siswa Guru Durna diwenehi kawruh dene sajroning ngupadi ngelmu kasampurnaning urip kudu nindakake dhawuhe guru kanthi ngupadi kayu gung susuhing angin ing alas Tik­bra­sara, ereng-erenging gunung Reksa­muka. Bratasena budhal sendika dha­wuh lan madhep-mantep yen ora bakal kejlomprong merga dhawuhe sang guru.
            Satekane ing alas Tikbrasara, kang digoleki pranyata ora ana. Alas banjur diobrak-abrik, lan Bratasena kudu tan­dhing yuda nyirnakake raseksa Rukmuka lan Rukmakala. Sabanjure Bratasena bali menyang Ngastina atur palapuran nge­nani bot-repot kang dialami, lan diwang­suli dening Guru Durna dene sabenere dheweke mung didadar-uji. Sabab kayu gung susuhing angin kang diupadi iku sejatine ana ing budi pakarti. Banjur Guru Durna ndhawuhi Bratasena supaya enggal manjing telenging samodra ngu­paya Tirta Mahening Suci. Panganyam-anyaming ati Bratasena, aluwung mati tanpa aran bebasane tinimbang njothak dhawuhe guru, sanajan sejatine ora bisa nylulup samodra. Tog-togane mung pa­srah tanpa kemba dene lara lan pati iku kuwasaning dewa, amarga ya wis setya-sendika marang Guru Durna. Kanthi padhanging pikir lan ati Bratasena njegur samodra. Jroning laku kudu tandhing nyirnakake naga raseksa.
           Ing dhasaring samodra Bratasena kepethuk dewa bajang rerupa memper Bra­tasena, aran Dewa Ruci, ya dewane Bratasena pribadi. Banjur Bratasena antuk wejangan saka Dewa Ruci bab ngelmu kasampurnaning urip kang diupaya.
            Adhedhasar crita kasebut, sanajan ta Bratasena iku kaanggep siswa kang lugu-balilu nanging pranyata bisa nggayuh gegayuhaning urip, tur angejaba saka panduganing sang guru. Niyate Guru Dur­na kang sakawite nyilakakake Bra­tasena pranyata ngasilake pepadhanging urip (sukses) kang tanpa upama mung­guhing Bratasena. Iku mau ora liya amar­ga Bratasena setya-taat amituhu marang dhawuhing guru. Setya-taat marang dhawuhing guru pranyata nu­wuhake barokah kang luar biasa. Ing kene iki, jagad njereng-njurung kridha kanthi optimal, apa kang tinemu yaiku apa kang denupaya.
        Mungguhing para pendhidhik, kang biting saceklek bae bebasane ora duwe niyat njlomprongake pasarta dhidhik/sis­wa, tartamtu luwih bisa nyuksesake ge­gayuhane pasarta dhidhik. Ora ana ale­san subyektif dene pasarta dhidhik iku bodho lan liya-liyane. Ndhedher karakter setya-taat marang pasarta dhidhik kaya wis ora kena dinyang maneh. Mungguh­ing pasarta dhidhik kang wis setya-taat marang ucap lan dhawuhe guru kudu tan­sah digedhekake atine. Ana tetem­bungan, ”Yen murid unggul ateges sing luwih unggul iku gurune”. Ing pamuji, mu­ga-muga kita para pendhidhik kinu­watake jiwane, bisa ngoptimalake po­tensi pasarta dhidhik. Amin.

Rabu, 11 Juni 2014

Senin, 02 Juni 2014

Artikel gamelan berikut ini akan dibahas mengenai dasar-dasar gamelan akan lebih mengerti apabila kita membaca dan memahaminya, semoga bermanfaat bagi kita semua

Gamelan
1. Miturut wujude gamelan ana 2 :
  1. Gamelan Gedhe
  2. Gamelan Barut


2. Miturut swarane gamelan ana 2 :
  1. Gamelan Pelog
  2. Gamelan Slendro


3. Perangane gamelan ana warna-warna :
  1. Bonang
  2. Demung
  3. Gambang
  4. Gender
  5. Gong
  6. Kempul
  7. Kendhang
  8. Kenong
  9. Kethuk
  10. Peking
  11. Rebab
  12. Saron
  13. Siter
  14. Suwuk
  15. Thimplung, lsp
4. Gaweyane :
Dhalang        : Tukang ngelakokake wayang.
Waranggana: Utawa pesinden, tukang nembang gendhing-gendhing ing pagelaran.
Niyaga        : Tukang nabuh gamelan.

5. Gerong
Gerong yaiku nabuh gamelan sinambi nembang.

6. Nabuh gamelan kudu ngerti : Pathet Lan Wilet.
1. Pathet                     :           Jero cetheke swara utawa endhek-dhuwure swara
            Lumrahe         :           Yen wayah sore - pathet 6
                                    :           Yen parak bengi – pathet 9
                                    :           Yen parak esuk – pathet manyura
2. Wilet                       :           Yaiku sambunge swara

7. Laras
Laras yaiku runtute swara gamelan.
Dilaras             :           Diruntutake swarane siji-sijine gamelan, diruntutake endhek-dhuwure lan gedhe cilike.

8. Bahan Gamelan
Bahan gamelan sing becik digawe saka prunggu.

9. Arane Gendhing-Gendhing
  1. Gendhing Clunthang
  2. Gendhing Gilang
  3. Gendhing Gonjang-Ganjing
  4. Gendhing Grompol
  5. Gendhing Pangkur
  6. Gendhing Puspawarna
  7. Gendhing Sinom Parijata
  8. Gendhing Srikaton
  9. Gendhing Srikarongron
  10. Gendhing Ulerkambang, Lsp
Tembung tumprap gamelan
  1. Bawa               : tembung kanggo mbukaki gendhing
  2. Buka                : wiwitane nembang
  3. Buka celuk     : bukaning gendhing mung njupuk saperangane tembang
  4. Cakepan         : unen-unen utawa tetembungan sing dienggo ing tembang
  5. Cengkok         : eluk-eluking swara ing lelagon tembang
  6. Gendhing        : lelagoning gamelan
  7. Gerongan        : tetembangan bareng karo gamelan
  8. Laras               : runtuting (cocoking) swara sing bener
  9. Niyaga             : tukang nabuh gamelan
  10. Pathet              : endhek dhuwuring swara ing gamelan
  11. Pelog               : larasing gamelan
  12. Plangkan         : jagrag sanggan gendhang
  13. Pluntur             : tali kanggo nyangga rericikaning gamelan
  14. Rancakan        : jagrag sanggan bonang, kethuk, kenong
  15. Sarancak         : saprangkat (tumprap gamelan)
  16. Senggakan      : unen-unen mawa lagu ing tengahing tembang
  17. Sindhen           : wong kang gaweane nembang mbarengi gamelan
  18. Slendro            : larasing gamelan
  19. Suluk pathetan: kidungan pratanda arep ganti pathet
  20. Suwuk              : leren, sirep tumprap gamelan
  21. Waranggana    : sindhen, pasindhen
  22. Wilet                : sambunging swara sing sarwa laras
  23. Wirama            : ukuran kendho kencenging nabuh gamelan







Minggu, 01 Juni 2014

Urutan crita dalam lakon wayang, bahasa dalam pewayangan, sifat dari gambaran wayang, dan nama-nama dalang yang tersohor di indonesia




URUT-URUTANE CRITA LAKON WAYANG
  1. Jejer
  2. Kadhatonan
  3. Paseban jaban
  4. Bodholan
  5. Jejer sabrangan
  6. Perang gagal
  7. Gara-gara
  8. Perang kembang
  9. Perang brubuh
  10. Tancep kayon

-          Sing nglakokake lan nyritakake wayang        : dhalang
-          Sing mbiyantu sakiwa tengene dhalang          : panyumping
-          Sing nabuh gamelan jenenge                          : niyaga
-          Sing nyindheni                                               : waranggana

TEMBUNG ING PAWAYANGAN
  1. Ada-ada                      : kidhungane dalang arep nyritakake wayang
  2. Anatawacana               : lagu cengkoke swara siji-sijine wayang
  3. Bala tengen                  : bangsa prajurit kang disandhing ing kelir sisih tengen
  4. Bala kiwa                    : bangsa prajurit kang disandhing ing kelir sisih kiwa
  5. Blencong                     : diyan kanggo madhangi wayang
  6. Bodholan                     : padha mangkate wadyabala
  7. Cempala                      : kayu penthol kanggo ngepraki wayang
  8. Gara-gara                    : metune semar, gareng, petruk lan bagong
  9. Jejer                             : lagi madeg padha rembungan
  10. Kecrek, kepyak           : prabot (wesi) sing ngetokake swara crek-crek
  11. Kelir                            : lawon putih kanggo nampani wayanganing wayang
  12. Perang brubuh             : perang amuk-amukan akeh pepati
  13. Perang gagal                : perang wadyabala durung ana pepati
  14. Perang kembang          : perange buta karo satriya
  15. Sabetan                       : patrape dalang nglakokake wayang
  16. Sulukan                       : ada-ada
  17. Talu                             : uyon-uyon ngarepake wiwit jejer


WEWATAKE WAYANG
  1. Wewatake wayang miturut wangune

-          Dhingkluk           : sabar, sareh, wicaksana, waspada
-          Lancap               : kendel, brangasan, siyaga, lan waspada
-          Mrongos, mendelik : galak, brangsan, gampang nesu, ugal-ugalan

                 2.   Wewatake wayang miturut jinise

-          Satriya             : alus, luhur, sabar, luruh, dhemen tetulung, siyaga, wicaksana
-          Buta                : kasar, gumedhe, brangasan, ugal-ugalan, gampang nesu
-          Kethek            : pencilakan, usil, seneng ngrusuhi

                 3.  Wewatake wayang miturut sungginge

-          Putih, kuning, ireng : tandhane becik, suci
-          Abang             : tandhane kendel, brangasan
-          Biru                 : tandhane jireh

Katrangan :
Wangune lan Sungginge wayang bisa beda-beda “wandane” miturut kahanan lan lakon wayang kang lagi dicritakake.

PARA DHALANG KANG KONDHANG
  1. Ki Bayu Aji, Sala
  2. Ki Cahyo Kuntadi, Blitar
  3. Ki Enthus Susmono, Tegal
  4. Ki Gita Sewaya, Blitar
  5. Ki Gondo Buwono, Madiun
  6. Ki Sigit Haryanto, Rembang
  7. Ki Anom Dwija Kangko, Blitar
  8. Ki Hadi Sugito, Kulon Progo, Yogya
  9. Ki Haji Anom Suroto, Sala
  10. Ki Haji Panut  Darmoko, Nganjuk
  11. Ki Kukuh Bayu Aji, Banyumas
  12. Ki Manteb Soedharsono, Karanganyar, Sala
  13. Ki Murdi Kandhamurdiyat, Tulungagung
  14. Ki Nartasabda, Semarang
  15. Ki Pringgadarsono, Sragen
  16. Ki Purbo Asmoro, Sala
  17. Ki Rusman S. Hadikusumo, Semarang
  18. Ki Sukron Suwondo, Blitar
  19. Ki Sunaryo, Surabaya
  20. Ki Timbul Hadiprayitno, Bantul, Yogya


Lan Liya-liyane