Katuranggan jaran
Tembung jaran saka ingseding tembung
ajaran, tegese diajar. Lugune aran kuda, turangga, haswa, wajik lan aran liyane
maneh.
Mulane aran jaran, sebab kuda iku
dhasare kasinungan lantip lan kawaskithan, bisa niteni lan weruh watak kekarepane
kang ngingu, utawa weruh begja cilaka lan kadadeyan kang bakal linakon dening
kang ngingu ing sadurunge kalakon.
Dadi tembung ajar ing kono, karepe :
malah kang ngingu kang kudu ajar meruhi watak wantu lalageyan kekarepaning
kudane, ateges : weuh-wineruhan, turut-tinurutan, iya iku kang aran manunggale
kang nunggang lan kang den tunggangi.
Yen wis jumbuh mangkono iku, yen
ditunggangi (dititihi) kuda mau bisa nampa karepe kang nunggangi sarana sasmita
obahing tali, obahing sanggawedi utawa ingsad-ingseding bokonge kang
nunggangi,. Dene kang nunggang iya kudu prayitna marang leladaning kuda, sebab
iku mawa karep kang wigati utawa sasmita kang ora kena disepelekake. Dadi
satemene kang ajar iku malah kang nunggang, dudu kudane. Dene yen kang nunggang
(kang nginggu) wus gambuh temenan. Kuda mau kudu mangerti marang kekarepane
kang nunggung mung sinasmitan saka ciptaning penggrahita.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar