Senin, 23 Juni 2014

Cerita Dewa Runci Dalam Dunia Pendidikan

Ndhedher Karakter “Taat” Lumantar Crita Dewa Runci



            Suksese para pasarta dhidhik mung­­guh ing donyaning pendhidhikan iku tansah dadi pangarep-arepe para guru minangka pendhidhik utawa pang­gu­lawenthah. Sitok bae kaya ora ana ing antarane kita kang darbe pangarep-arep gagal. Kena diarani cuwa-sepa yen ana pendhidhik kang ora berduli marang suksese pasarta dhidhik, sanajan kanya­tane ya pancen ana pasarta dhidhik kang kalebu katagori gagal.
            Pasarta dhidhik kang sukses, yen kita gelem nintingi kuwi sajake jebul nduweni rahasia karakter (character secret) sa­njabane aspek kognitif kang ora didar­beni dening pasarta dhidhik liyane, yaiku aspek afektif kang kaejawantahake saca­ra psikomotoris. Aspek afektif endi ta kang gawe sukses mungguhe pasarta dhi­dhik? Yuk, coba kita nginguk sacuwil prototipe karakter ing crita Dewa Ruci!
            Paraga Bratasena iku ora aneh ora nyleneh mungguhing wong Jawa mligine, wong Indonesia umume. Crita ngenani wejangan Dewa Ruci marang Bratasena iku dumadi nalika Bratasena manjing dhasaring samodra, ngestokake  dha­wuhe Guru Durna ngupadi Tirta Mahe­ning Suci (Tirta Perwitasari). Kurawa pe­ngin njlomprongake Pandhawa menyang kasangsaran lumantar Guru Durna. Bra­tasena, sawijining siswa Guru Durna diwenehi kawruh dene sajroning ngupadi ngelmu kasampurnaning urip kudu nindakake dhawuhe guru kanthi ngupadi kayu gung susuhing angin ing alas Tik­bra­sara, ereng-erenging gunung Reksa­muka. Bratasena budhal sendika dha­wuh lan madhep-mantep yen ora bakal kejlomprong merga dhawuhe sang guru.
            Satekane ing alas Tikbrasara, kang digoleki pranyata ora ana. Alas banjur diobrak-abrik, lan Bratasena kudu tan­dhing yuda nyirnakake raseksa Rukmuka lan Rukmakala. Sabanjure Bratasena bali menyang Ngastina atur palapuran nge­nani bot-repot kang dialami, lan diwang­suli dening Guru Durna dene sabenere dheweke mung didadar-uji. Sabab kayu gung susuhing angin kang diupadi iku sejatine ana ing budi pakarti. Banjur Guru Durna ndhawuhi Bratasena supaya enggal manjing telenging samodra ngu­paya Tirta Mahening Suci. Panganyam-anyaming ati Bratasena, aluwung mati tanpa aran bebasane tinimbang njothak dhawuhe guru, sanajan sejatine ora bisa nylulup samodra. Tog-togane mung pa­srah tanpa kemba dene lara lan pati iku kuwasaning dewa, amarga ya wis setya-sendika marang Guru Durna. Kanthi padhanging pikir lan ati Bratasena njegur samodra. Jroning laku kudu tandhing nyirnakake naga raseksa.
           Ing dhasaring samodra Bratasena kepethuk dewa bajang rerupa memper Bra­tasena, aran Dewa Ruci, ya dewane Bratasena pribadi. Banjur Bratasena antuk wejangan saka Dewa Ruci bab ngelmu kasampurnaning urip kang diupaya.
            Adhedhasar crita kasebut, sanajan ta Bratasena iku kaanggep siswa kang lugu-balilu nanging pranyata bisa nggayuh gegayuhaning urip, tur angejaba saka panduganing sang guru. Niyate Guru Dur­na kang sakawite nyilakakake Bra­tasena pranyata ngasilake pepadhanging urip (sukses) kang tanpa upama mung­guhing Bratasena. Iku mau ora liya amar­ga Bratasena setya-taat amituhu marang dhawuhing guru. Setya-taat marang dhawuhing guru pranyata nu­wuhake barokah kang luar biasa. Ing kene iki, jagad njereng-njurung kridha kanthi optimal, apa kang tinemu yaiku apa kang denupaya.
        Mungguhing para pendhidhik, kang biting saceklek bae bebasane ora duwe niyat njlomprongake pasarta dhidhik/sis­wa, tartamtu luwih bisa nyuksesake ge­gayuhane pasarta dhidhik. Ora ana ale­san subyektif dene pasarta dhidhik iku bodho lan liya-liyane. Ndhedher karakter setya-taat marang pasarta dhidhik kaya wis ora kena dinyang maneh. Mungguh­ing pasarta dhidhik kang wis setya-taat marang ucap lan dhawuhe guru kudu tan­sah digedhekake atine. Ana tetem­bungan, ”Yen murid unggul ateges sing luwih unggul iku gurune”. Ing pamuji, mu­ga-muga kita para pendhidhik kinu­watake jiwane, bisa ngoptimalake po­tensi pasarta dhidhik. Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar